Dewi Ambika

Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima, nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabrata. Prabu Darmamuka darbe putra telu, yaiku: Dewi Ambika, Ambiki, lan Ambahini (uga sok disebut Amba, Ambika, lan Ambalika). Giyantipura nagara makmur merga ratune adil. Anggone jumeneng nata diembani Patih Trimuka. Senapatine raseksa kembar Wahmuka lan Arimuka.
Ngancik diwasa, putri nata tetelune mekar dadi wanodya sulistya, ndadekake akeh satriya lan raja mudha saka mancanagara padha kepencut kepengin nglamar minangka garwa. Sang prabu bingung nemtokake endi kang kudu ditampa. Atas ature patih, Sang Prabu nuli adeg sayembara. Minangka jago,Wahmuka lan Arimuka, sapa kang bisa ngasorake wenang mboyong putri tetelune.
Akeh satriya lan raja padha ngleboni sayembara kuwi. Nanging siji baka siji nalika genti-genti munggah blabar kawat, ora ana kang kuwawa nandhingi Wahmuka lan Arimuka. Senapati raseksa loro kuwi kaya ora tau bisa mati. Saben salah siji mati, kuwandane dilumpati sedulure, bali urip maneh. Wekasane kang mupu sayembara padha mulih tanpa asil.
Sayembara iku uga kapireng Prabu Sentanu, nata Astina. Sang nata kagungan putra telu, Dewabrata, Citragada, lan Citrasena. Tetelune wis diwasa, ning durung palakrama. Sang nata ngutus Dewabrata kang pambayun supaya ngleboni sayembara.
Nadyan abot nindakake dhawuhe kang rama, Dewabrata matur sendika. Satriya bagus iki sejatine wis sumpah nedya wadat, ora palakrama selawase, merga ora kepengin gumanti nata. Lakune Dewabrata menyang Giyantipura kadherekake panakawan catur.
Dewabrata wis teka ing Giyantipura, banjur munggah blabar kawat nandhingi Wahmuka lan Harimuka. Nganti sawatara suwene anggone padha perang tandhing, ning ora ana kang kalah. Senapati buta loro iku saben salah sijine tiwas, kuwandane dilangkahi sedulur kembarane, jegegah bali urip maneh..
Mangkono wola-wali nganti Dewabrata kekeselen. Banjur takon marang Semar, apa wewadine mungsuhe kuwi. Semar ngulungake kunir-enjet lan matur supaya diolesake ing pucuk kerise Dewabrata. Keris diolesi kunir-enjet, Dewabrata bali maju maneh. Lan aneh, nalika Wahmuka kesuduk, sanalika sirna malih dadi kawah. Dene Arimuka malih dadi ari-ari. Jebule buta loro kuwi panjalmane kawah lan ari-arine putri nata Giyantipura.
Prabu Darmamuka resmi maringake putri tetelune marang Dewabrata. Dewi Ambika digarwa Dewabrata, Dewi Ambiki digarwa Citrasena, lan Dewi Ambahini digarwa Citragada. Kanggo sauntara, Dewabrata lan Dewi Ambika mapan ana kraton Giyantipura.
Dewi Ambika tresna banget marang Dewabrata. Yen turu, ora gelem adoh, njaluke tansah ditunggoni. Ning Dewabrata banjur eling marang prasetyane wadat. Mula, nalika Dewi Ambika lagi turu kepati, kanthi sesidheman metu saka kraton nedya bali menyang Astina. Ning, lagi tekan tapel watese kutha, ketututan Dewi Ambika. Sang dewi mbondheti nedya melu menyang ngendi wae. Dewabrata panggah ora gelem dieloni. Malah ngunus keris kanggo meden-medeni. Lan tanpa disengaja, keris ngenani Dewi Ambika temenan, ndadekake patine. Sasedane Dewi Ambika, ana swara ngumandhang ing langit ngandharake, besuk Dewabrata bakal nemahi pati ing tangane senapati wanita ing perang Baratayuda. Bab iku tembene kedadeyan tenan. Dewabrata kang besuke dadi pandhita jejuluk Resi Bisma, nalika madeg senapatine Kurawa gugur lumawan Srikandhi.

0 komentar:

Posting Komentar