Bung Tomo

Nalika tanggal 10 November 1945, ing Surabaya ana perang campuh yuda. Perang antarane Tentara Republik Indonesia karo tentara sekutu kang nalika iku dipandhegani Ingrris. Ya ing wektu iku Landa kang wis minggat saka bumi Indonesia kanthi mbonceng Sekutu kepengin bali njajah maneh Negara kita. Tentara Indonesia, mligine arek-arek Surabaya padha maju ngadhepi mungsuh sing teka.
Arek-arek Surabaya nesu tenan bareng Ingrris menehi ultimatum, supaya arek-arek Surabaya seleh gegaman lan kudu pasha bongkokan. Kanthi nggawa gaman saanane, ana bambu runcing, pedhang lan bedhil kuna., kabeh padha maju kanthi semangat kang murub. Semangat kanggo ngusir penjajah.
Nalika iku Surabaya dadi ajange perang gedhen tenan. Ing ngendi-endi ana suwara bedhil, granat, lan mriyem pating jeglur. Kukus nggembuleng ing ngendi-endi. Geni ing kana-kene murab-murab ngobong apa wae.
Ing kahanan mangkono iku, ana sawijining pemudha kang nduweni semangat gedhe. Sadhela-sadhela aweh semangat marang para pejuang, marang arek-arek Surabaya. Anggone mbakar semangat liwat radhio. Mula meh kabeh rakyat nalika iku yen Bung Tomo sesorah ana radhio padha nglumpuk ngrungoake. Semangat bali thukul makantar-kantar maneh.
“Allahu Akbar! Allahu Akbar! Sedulur-sedulurku kabeh warga Surabaya! Arek-arek, pemudha-pemudha Surabaya! Ayo, maju terus pantang mundur. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. Sadhumuk bathuk, sanyari bumi, kudu dilabuhi tekan pati! Ayo, usiren Tentara Inggris! Ayo, usiren Tentara Walanda. Aja wedhi, pantang mundur! Kita kudu menang! Surabaya kudu kita regem. Indonesia kudu mardika! Allahu Akbar! Allahu Akbar!”
Mangkono saben-saben Bung Tomo aweh sesorah, aweh semangat marang para pejuang. Pidhatone bisa gawe semangat kang murub tenan. Para pejuang tambah saya gumregut. Lan ora aneh yen nalika iku pimpinane Sekutu, yaiku Brigadir Jenderal Mallaby nemoni tiwas ing paprangan kena mimise para pejuang, ya arek-arek Surabaya. Bung Tomo mula bisa nggugah semangate para pejuang, lan iku katindake meh saben dina. Tekad lan semangate Bung Tomo sing mangkono iku pantes tinular dening para mudha saiki. Berjuang ora mung nganggo bedhil apadene granat, nanging uga bisa kanthi mbakar semangat kayadene Bung Tomo mangkono iku.
Mula ora aran aneh yen sabanjure pamarentah banjur aweh anugerah, aweh pangaji-aji kanthi gelar pahlawan nasional tumrap Bung Tomo.

0 komentar:

Posting Komentar